Sabtu, 21 September 2019

Yen dudu Arsitek, ojo ngurus IMB dewe

Wis suwe aku pengen
Nduwe surat IMB
Yen SHM aku wis nduwe
Mergo soko proyek pemutihan

Dudu aku semugeh
Genteng asbes omahku miber
Didedel karo angin lesus
Sing saiki soyo asring.

   Njaluk ijin tonggo
   Lapor rt, rw lurah lan camat, koyo prosedure
   Trus tandang nang walikota
   Sepisan ditolak, margo gambare ra ono skalane.

    Arep mbayar arsitek, jelas ora kuat
    Tak jajal down load aplikasi playstore
     Sketsa ne wis tak gawe, nang walikota maneh.
     Nanging kok yo panggah ditolak, margo sketsaku
         Ra koyo kerjane arsitek.

Pak Presideni dos pundi niki
Rakyat njenengan pengen dilengkapi serat
kersane saged layak bank
Ben ra dadi korban biaya tinggi

Saben tahun, tarip ijin terus mundak
Nopo leres, Surat Ijin didadisaken sumber
( sumber penghasilane Pemda)
Kudune njukuk soko dodolan (omset)
Kasil mundak, retribusi melok mundak

Kapan (rakyat) cepet makmur
Yen ngurus serat
Tambah tahun tambah dilarangke
Ben rakyat gak dadi korban
Biaya interest tinggi
Ben rakyat iso nduwe permodalan

Pemerintah daerah Mbokyo rubah paradigma
Njenengan dudu gantine Londo
Pemerintah daerah
Jangkepi surat2 rakyatmu
Ben usaha rakyat dadi
luwih gampang
Ben usaha rakyat dadi luwih mapan
Mesti setoran retribusi mengko luwih guedhe.

Pas ngarang tembang iki
krungu kabar IMB bakal ra perlu
Nanging sing luwih penting
Pemda ojo ngandelje pemasukan
Saka dodolan ijin liyane.
Pemda kudu dadi pemakmur rakyat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar