Jumat, 26 April 2019

Wayahe Sholat

Wis wayahe, ya kanca, sholat subuh
Tanpa digugah, ya kanca, kita sing butuh
Wis wayahe, ya kanca, sholat Dhuhur
Kita bisa ngatur, ya kanca, wajibe syukur
Wis wayahe, ya kanca, sholat Ashar
Cekel kiblate, ya kanca, ben ra kesasar

Sing seneng sholat, jo lali ngajine
Sing sregeb  kerjane, jo lali neng amale

Wis wayahe, ya kanca, sholat Maghrib
Ana watese, ya kanca, olehe urip
Wis wayahe, ya kanca, sholat Isya'
Becik lakune, ya kanca, bakal kepenak
Wis wayahe, ya kanca, sholat Wengi
Nyedak neng Gusti, ya kanca, sing duwe pesti

Sing seneng ngajine, ja lali pangertene
Sing seneng ubete, jo lali neng srawunge

Diniati Lillahi Ta'ala Njur lakokke
Bab kasile, hak e Gusti Allah






Selasa, 23 April 2019

Marhaban Ya Ramadhan

Marhaban Marhaban Marhaban
Ya Romadhon

Marhaban Marhaban Marhaban
Ya Romadhon

Ya Rasulullah
Ya Nabbiyikka
Ini kan bulan rinduku

Ya Rasulullah
Ya Muhammad
Ini kan bulan cintamu

Dibulan suci
Penuh ampunan
Kumohonkan istighfar
Padamu Ya Allah

Di bulan berkah
Penuh barokah
Puji dan do'a
Harapku ya Allah

Jumat, 12 April 2019

Atur Negarane Dewe

Sopo wae oleh manggon neng Indonesia.
Nanging kudu nuruti aturan Indonesia.
Sopo wae oleh nggolek koyo neng Indonesia.
Nanging ra oleh nggawe prahara neng Indonesia.

Atur omahe dewe
Jo Pasrahke marang Liyan
Atur negarane dewe
Jo disrahke bangsa Liyo.

RRC ra bakal dipimpin wong Jepang
Jepang ra bakal dipimpin Wong Cino.
Yaman ra bakal dipimpin wong Indonesia.
Semono ugo Indonesia, kudu dipimpin mongso dewe

Pilih bangsane dewe
Jo milih bangsa yo
Pilih sing ngerti kawin
Sing sabar jujur lan ngayomi.