Wong kang seneng maca Al Qur'an
Tur ngerti tegese
Bisa nglaksanake
Seneng ngamalake
Yen ana padane
Woh Jeruk arane
Seger rasane tur wangi gandhane
Sing ra bisa maca Al Qur'an
Nanging ngerteni tegese
Bisa nglaksanake
Seneng ngamalake
Yen ana padane
Woh Kurma arane
Enak rasane nanging ra ana gandhane.
Ayo Kanca Kabeh
Pada Ngudi Al Qur'an
Diwaca lan di ngerteni tegese
Ayo Kanca Kabeh
Pada Laku Al Qur'an
Sujud lan sesuwun
Amung neng Gusti Allah
Wong kang bisa maca Al Qur'an
Nanging ra mangerteni
Ra tau nglaksanake
Po meneh ngamalake
Yen ana padane
Lengo Wangi arane
Wangi gandane
nanging pahid rasane
Sing ra bisa maca Al Qur'an
Pomaneh mangerteni
Ra tahu nglaksanake
Po meneh ngamalake
Yen ana padane
Raflesia arane
Ra Enak rasane po meneh gandhane.
Ayo Kanca Kabeh
Pada Ngudi Al Qur'an
Diwaca lan di ngerteni tegese
Ayo Kanca Kabeh
Pada Laku Al Qur'an
Sujud lan sesuwun
Amung neng Gusti Allah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar