Minggu, 28 Maret 2010
Bocah Neng Tritisan
18 Maret 2010 jam 23:25 | Sunting Draf | Hapus
Kanca-kanca,
Ayo dha dolanan
neng dalanan
ra no pelataran
kanca-kanca,
ayo neng plipiran
marga lapangan
wis padha pageran
saya jembar pekarangane
saya gedhe omahe
nanging dudu
aku sing nduwe
sapa kuwi
bocah sing katisen
turu mlungker
ana neng tritisan
sapa kuwi
sabane neng dalan
ora weruh
bapa lan ibune
Saya butek kaline
saya peteng gladake
kabeh kuwi
sing dadi panggone
Sabtu, 27 Maret 2010
Jangkah tekan jangkah
dina tekan dina
pesti kita suda sedina
apa uwis ana
gantine amalan kita
tahun tekan tahun
umur kita tambah setahun
apa uwis ana
mundake waskita kita
Ucap tekan ucap
rung mesti dadi rong ucap
yen ora setiti
kapan tha bakal widadi
jangkah tekan jangkah
rung mesti dadi rong langkah
yen lakune bablas
sapa ta kang bisa welas
Aduh, Gusti
nyuwun pangaksami
katah kalepatan
kang sampun kula lampahi
Aduh, Gusti
nyuwun pituduh
cahyo sumunar
kang saget kula (t)urut
dari hari ke hari
kepastian kita berkurang sehari
apakah sudah ada
pengganti (untuk) amalan kita
dari tahun ke tahun
usia kita bertambah setahun
apakah sudahkah ada
peningkatan bijak kita
dari ucapan ke acapan
tidak mesti jadi dua ucapan
jika kita tidak hati-hati
kapankah kita bisa "jadi"
Ooh, Tuhan
mohon pengampunan
karna banyak kesalahan
yang sudah aku lakukan
Ooh, Tuhan
Mohon Petunjuk
Cahaya yang berbinar
yang bisa kujadikan runtutan
Dolanan pasar2an
Pada dedolanan
dolanan pasar-pasaran
aku juraganne
Ayo kanca-kanca
Pada dedolanan
dolanan omah-omahan
aku majikanne
Dolanan sing rukun
pada geguyuban
rasah mikirake
lelakon saiki
wis ana sing nduwe
Ayo kanca-kanca
Pada dedolanan
dolanan kantor-kantoran
aku direkture
Ayo kanca-kanca
Pada dedolanan
dolanan rakyat-rakyatan
aku penguasane
Dolanan sing rame
kaya apa anane
rasah mikirake
lelakonne mengko
wis ana sing nduwe
Bahasa indonesia (terjemahan bebas)
ayo teman-teman
kita main-mainan
bermain pasar-pasaran
aku juragannya
Ayo teman-teman
kita main-mainan
bermain rumah-rumahan
aku majikannya
Bermain yang rukun
saling berbaikan
tidak perlu dipikirkan
nasib kita hari ini
karna sudah ada yang punya
ayo teman-teman
kita main-mainan
bermain kantor-kantoran
aku direkturnya
Ayo teman-teman
kita main-mainan
bermain rakyat-rakyatan
aku penguasanya
Bermain yang ramai
seperti apa adanya
tidak perlu dipikirkan
nasib kita hari besok
karna sudah ada yang punya
Kid's Game Song at this time (free translate, not free from miss-translate)
come on, kids
we play the game
playing like on house hold
I will be the employer
come on, kids
we play the game
playing like on the market
I will be the skipper
Make game harmoniously
understand with each other
don't think about our fate today
because someone has owned it
come on, kids
we play the game
playing like on office
I will be the director
come on, kids
we play the game
playing like on the people
I will be the commander
Make game clamorously
as like as on ordinariness
don't think about our tomorrows fate
because someone has owned it