Sabtu, 27 Juli 2019

Aku Melu, dening:EdiKani

Aku melu, aku melu marang sliramu
Jo ninggal, jo ninggalke awakku
Jo banter, jo banter olehmu mlaku
Mundak aku, ora bisa mbarengi

Yen biso, mandegka neng kene wae
Ben aku, bisa nyawang esemmu
Yen bisa, jumeneng neng kene wae
Tak turuti, opo wae karepmu

Petiken disek, kembang tresnamu
Sawurno disek, neng atiku
Beberen disek, rasa tresnamu
Dadekno siji, neng jroning atiku.

Selasa, 23 Juli 2019

Tembang Timak Timik

EdiKani1998

Timak timik ono pinggir kali
Karo nggegem pari mung sauli
Rasah bingung nyawang kahanan saiki
Okeh sing lali, mekso ngaku ra lali.

Tengak tenguk ono pinggir lurung
Ati kangen  wis liwat opo durung
Kaparing kuwoso la kok ra bisa nuntun
Uwong cilek opo ra biso mutung.

Ref: Yen Kahanan wis ndadi
         Yen ra biso diowahi
          Piye, piye to karepe.
          Yen dalan soyo buntet
          Yen ati soyo judeg
           Ojo, ojo digelani

Merem melek karo nunggang kebo
Weruh elek, kok mongso bodoha
Ono sing elek, kok ora dikandakno
Banjur rusak, etak etok plonga plongo.

Tengar tenger ono ngisor ringin
Eling mbiyen, kok mekso kepengen
Kaparing kuwoso lha kok ra gelem meling
Banjur dadi kok malah laku maling

.