Sabtu, 17 Agustus 2019

Kantor Pos, ojo nganti tutup

Yen wayahe Makku neng ngarepan
Nunggu Pak Pos nglewati omahku
Ngarep2 Pak Pose krang kring krang kring
Ngasto Layang Tresna saka Bapakku

Iku critane neng jaman Biyen
Jaman saiki rasah ngarep2
Margo Bapak ajeg paring kabar
Lewat hape karo video call an.

Aku krungo Kantor Pos wis kangelan
Gaji Karyawane kadang diundur undur
Margo Kantor Pos isih mekso gayeng
Ngarep ke kasil saka layang lan bayar bayar

Sing slamet kuwi dudu sing kuwat
Nanging sapa sing gelem ngowahi
Ngerti angin lan ngerti mangsane
Diparani nganti padang dalane.

Kantor Pos ana neng endi endi
Ana neng Kuto nganti no  neng ndesa
Kantor e yo ombo lan magrong2
Mbokyo di manfaat ke dadi Distributor

Distribusike hasil UMKM
Sinambi mbantu pengusaha cilek
Mbokyo nggawe Aplikasi Pemantau
Ben langgan ngerti opo daganganmu

Kuwi yen  Kantor Pos panggah pengen
ono
Kuwi yen  Kantor Pos panggah pengen dadi maju.
Kantor Pos Pendukung UMKM
Kantor Pos Distributor UMKM
Kantor Pos Maju Bersama UMKM

Selasa, 13 Agustus 2019

Pak Jokowi, Gangsal tahun mboten lami.

Pak Jokowi, Pak Jokowi
Gangsal tahun mboten lami
Kulo raos kuwathos, kala Bpk purna mangke
Katah reseq dibucal teng pinggir margi.
Lepenipun  kebak resek lan limbah.
Samudrane anggegirisake ati, reseq plastik sami kleleran.

Pak Jokowi, Pak Jokowi
dadosaken tigang  karyo
Nomer setunggal ingkang ngatasi reseq, kulo gadah teknologine
Nomer kalih ingkang ngatasi limbah
Nyewakaken pipo sak dawane lepen.
Nomer tigo ingkang nampung  reseq plastik
Artone dipundut saking dana cuka plastik.

Tanpo reko doyo meniko, kulo kuwatos
Gangsal tahun mangke, panggah mboten kasil.
Kulo nyuwun duko, ngage age Pak Jokowi
Mumpung wonten Presiden
Ingkang manah lingkungan.
Nadyan rakyat e makmur
Seumpami reseqke mblakrak
Ndadosaken gesang raos mboten kepenak.

Pak Jokowi Pak Jokowi
mugi enggal milih mentri
Ingkang tanggung jawab,
sanes amung njawab
Ingkang kersa mblakrak
Sanes amung lenggah
Sinambi nyruput kopi

Sabtu, 27 Juli 2019

Aku Melu, dening:EdiKani

Aku melu, aku melu marang sliramu
Jo ninggal, jo ninggalke awakku
Jo banter, jo banter olehmu mlaku
Mundak aku, ora bisa mbarengi

Yen biso, mandegka neng kene wae
Ben aku, bisa nyawang esemmu
Yen bisa, jumeneng neng kene wae
Tak turuti, opo wae karepmu

Petiken disek, kembang tresnamu
Sawurno disek, neng atiku
Beberen disek, rasa tresnamu
Dadekno siji, neng jroning atiku.

Selasa, 23 Juli 2019

Tembang Timak Timik

EdiKani1998

Timak timik ono pinggir kali
Karo nggegem pari mung sauli
Rasah bingung nyawang kahanan saiki
Okeh sing lali, mekso ngaku ra lali.

Tengak tenguk ono pinggir lurung
Ati kangen  wis liwat opo durung
Kaparing kuwoso la kok ra bisa nuntun
Uwong cilek opo ra biso mutung.

Ref: Yen Kahanan wis ndadi
         Yen ra biso diowahi
          Piye, piye to karepe.
          Yen dalan soyo buntet
          Yen ati soyo judeg
           Ojo, ojo digelani

Merem melek karo nunggang kebo
Weruh elek, kok mongso bodoha
Ono sing elek, kok ora dikandakno
Banjur rusak, etak etok plonga plongo.

Tengar tenger ono ngisor ringin
Eling mbiyen, kok mekso kepengen
Kaparing kuwoso lha kok ra gelem meling
Banjur dadi kok malah laku maling

.

Jumat, 26 April 2019

Wayahe Sholat

Wis wayahe, ya kanca, sholat subuh
Tanpa digugah, ya kanca, kita sing butuh
Wis wayahe, ya kanca, sholat Dhuhur
Kita bisa ngatur, ya kanca, wajibe syukur
Wis wayahe, ya kanca, sholat Ashar
Cekel kiblate, ya kanca, ben ra kesasar

Sing seneng sholat, jo lali ngajine
Sing sregeb  kerjane, jo lali neng amale

Wis wayahe, ya kanca, sholat Maghrib
Ana watese, ya kanca, olehe urip
Wis wayahe, ya kanca, sholat Isya'
Becik lakune, ya kanca, bakal kepenak
Wis wayahe, ya kanca, sholat Wengi
Nyedak neng Gusti, ya kanca, sing duwe pesti

Sing seneng ngajine, ja lali pangertene
Sing seneng ubete, jo lali neng srawunge

Diniati Lillahi Ta'ala Njur lakokke
Bab kasile, hak e Gusti Allah






Selasa, 23 April 2019

Marhaban Ya Ramadhan

Marhaban Marhaban Marhaban
Ya Romadhon

Marhaban Marhaban Marhaban
Ya Romadhon

Ya Rasulullah
Ya Nabbiyikka
Ini kan bulan rinduku

Ya Rasulullah
Ya Muhammad
Ini kan bulan cintamu

Dibulan suci
Penuh ampunan
Kumohonkan istighfar
Padamu Ya Allah

Di bulan berkah
Penuh barokah
Puji dan do'a
Harapku ya Allah

Jumat, 12 April 2019

Atur Negarane Dewe

Sopo wae oleh manggon neng Indonesia.
Nanging kudu nuruti aturan Indonesia.
Sopo wae oleh nggolek koyo neng Indonesia.
Nanging ra oleh nggawe prahara neng Indonesia.

Atur omahe dewe
Jo Pasrahke marang Liyan
Atur negarane dewe
Jo disrahke bangsa Liyo.

RRC ra bakal dipimpin wong Jepang
Jepang ra bakal dipimpin Wong Cino.
Yaman ra bakal dipimpin wong Indonesia.
Semono ugo Indonesia, kudu dipimpin mongso dewe

Pilih bangsane dewe
Jo milih bangsa yo
Pilih sing ngerti kawin
Sing sabar jujur lan ngayomi.