Sabtu, 17 Agustus 2019

Kantor Pos, ojo nganti tutup

Yen wayahe Makku neng ngarepan
Nunggu Pak Pos nglewati omahku
Ngarep2 Pak Pose krang kring krang kring
Ngasto Layang Tresna saka Bapakku

Iku critane neng jaman Biyen
Jaman saiki rasah ngarep2
Margo Bapak ajeg paring kabar
Lewat hape karo video call an.

Aku krungo Kantor Pos wis kangelan
Gaji Karyawane kadang diundur undur
Margo Kantor Pos isih mekso gayeng
Ngarep ke kasil saka layang lan bayar bayar

Sing slamet kuwi dudu sing kuwat
Nanging sapa sing gelem ngowahi
Ngerti angin lan ngerti mangsane
Diparani nganti padang dalane.

Kantor Pos ana neng endi endi
Ana neng Kuto nganti no  neng ndesa
Kantor e yo ombo lan magrong2
Mbokyo di manfaat ke dadi Distributor

Distribusike hasil UMKM
Sinambi mbantu pengusaha cilek
Mbokyo nggawe Aplikasi Pemantau
Ben langgan ngerti opo daganganmu

Kuwi yen  Kantor Pos panggah pengen
ono
Kuwi yen  Kantor Pos panggah pengen dadi maju.
Kantor Pos Pendukung UMKM
Kantor Pos Distributor UMKM
Kantor Pos Maju Bersama UMKM

Tidak ada komentar:

Posting Komentar