EdiKani1998
Timak timik ono pinggir kali
Karo nggegem pari mung sauli
Rasah bingung nyawang kahanan saiki
Okeh sing lali, mekso ngaku ra lali.
Tengak tenguk ono pinggir lurung
Ati kangen wis liwat opo durung
Kaparing kuwoso la kok ra bisa nuntun
Uwong cilek opo ra biso mutung.
Ref: Yen Kahanan wis ndadi
Yen ra biso diowahi
Piye, piye to karepe.
Yen dalan soyo buntet
Yen ati soyo judeg
Ojo, ojo digelani
Merem melek karo nunggang kebo
Weruh elek, kok mongso bodoha
Ono sing elek, kok ora dikandakno
Banjur rusak, etak etok plonga plongo.
Tengar tenger ono ngisor ringin
Eling mbiyen, kok mekso kepengen
Kaparing kuwoso lha kok ra gelem meling
Banjur dadi kok malah laku maling
.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar