Jumat, 07 Mei 2021

Kawula ngaku Gusti

Ngakune Soyo eling
Ngakune Soyo Waskito

Nanging kok tambah lali
Nanging kok tambah keblusuk

Kawula nunggal Gusti
kawula ngaku Nabi
Yen ngaku Gusti kok Ra nduwe Doyo
Yen ngaku Nabi kok Ra nduwe kitab

Ojo geguyonan ngaku2 aran Gusti
Rasah neko2 ngaku2 awake Nabi
Yen ngaku gampang wae, sopo wae biso ngaku
Siro kuwi Ra nduwe kuwoso, Siro kuwi ora mumpuni

Siro Kuwi adicilek, njajal dideleng jarak sak kilo
Siro Amung rumongso Gedhe, yen nyawang saka wadagmu dewe
Opo Kowe wis ngerti, mahluk sing durjono marang Gusti.
Mahluk Kuwi kang bakal nggawa siro
Dudu siro sing kuoso nggawa
Mumpung durung kasep
Ayo, Tansah andap asor marang Gusti

Ngakune Soyo eling
Mengakunya semakin ingat
Ngakune Soyo Waskito
Mengakunya semakin bijak

Nanging kok tambah lali
Tapi semakin lupa
Nanging kok tambah keblusuk
Tapi semakin terperosok

Kawula nunggal Gusti
Hamba satu dengan Tuhan
kawula ngaku Nabi
Hamba mengaku sebagai nabi
Yen ngaku Gusti kok Ra nduwe Doyo
Kalau mengaku Gusti kenapa tidak punya daya
Yen ngaku Nabi kok Ra nduwe kitab
Kalau mengaku sebagai nabi kenapa tidak punya kitab

Ojo geguyonan ngaku2 aran Gusti
Janganlah bercanda mengaku bersatu dengan Gusti
Rasah neko2 ngaku2 awake Nabi
Gak usah macam-macam mengaku dirinya nabi
Yen ngaku gampang wae, sopo wae biso ngaku
Orang mengaku itu gampang saja, siapapun bisa mengaku
Siro kuwi Ra nduwe kuwoso, Siro kuwi ora mumpuni
Tapi ingat, kamu tidak punya kekuasaan, kamu juga tidak punya keberdayaan

Siro Kuwi adicilek, njajal dideleng jarak sak kilo
Kamu itu sangat kecil, coba dilihat dalam jarak 1 km
Siro Amung rumongso Gedhe, yen nyawang saka wadagmu dewe
Kamu hanya merasa besar, karena memandang dari raga mu sendiri
Opo Kowe wis ngerti, mahluk sing durjono marang Gusti.
Apa kamu mengerti, ada makhluk yang durhaka terhadap Tuhan
Mahluk Kuwi kang bakal nggawa siro
Makhluk Itu yang akan membawamu
Dudu siro sing kuoso nggawa
Bukan kamu yang berkuasa membawa
Mumpung durung kasep
Mumpung belum terlambat
Ayo, Tansah andap asor marang Gusti
Ayu berserah diri pada Tuhan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar