Minggu, 28 Maret 2010

Bocah Neng Tritisan

Bocah neng tritisan / Anak di emperan / the Kid on the
18 Maret 2010 jam 23:25 | Sunting Draf | Hapus
Kanca-kanca,
Ayo dha dolanan
neng dalanan
ra no pelataran

kanca-kanca,
ayo neng plipiran
marga lapangan
wis padha pageran

saya jembar pekarangane
saya gedhe omahe
nanging dudu
aku sing nduwe

sapa kuwi
bocah sing katisen
turu mlungker
ana neng tritisan

sapa kuwi
sabane neng dalan
ora weruh
bapa lan ibune

Saya butek kaline
saya peteng gladake
kabeh kuwi
sing dadi panggone

Tidak ada komentar:

Posting Komentar