Kamis, 11 Februari 2010

prolog: Hananing Bangsa kitha

Pancen kita kudu ngakoni
sejatine kita durung dadi bangsa kang becik
Isih akeh angkara
kang ndhedel duwel
kahanan kita
Isih akeh babad
bangsa  meh karebut Dasa muka
kang  pengen nyaploki duwen kita
Amid2 jabang bayi
Opo yo trimo
Opo yo gelem
Yen tingkah polahe
Bakal katulis karo mang si getih
Ing babad angkara

Jarene,
Bangsa kita makmur
Tegal sawah ra ana sing nganggur
Alas gunung kasile ora keukur
Bhumi samodrane kayane misuwur
Jarene,
Bangsa adhi luhung
pangertenan, pangelinge agung
Unggah-ungguh, tanpa disuwun
Wonge sabar, wani ngalah, seneng nulung
Nyatane,
kok akeh sing susah
kangge urip rekasane ra karuhan
ndhuwe dhuwen, mung ana neng impen
bisa mangan, wis bungahe ra karuhan
Nyatane,
saya akeh sing srakah
wis ra mikir kuwi dhek-e kawulane
jerit tangis, dhudu alangan
ngapek lan ngrayah
wis ngrasuk dadi gawan

Yen susah, yo susaho
pancen kaya ngene iki anane
yen nangis, yO nangisa
pancen kaya iki nyatane
yen wedi, yo wedio
pancen kaya ngene iki carane
yen glris, ya giriso
Pancen kaya ngene iki watake

Wis wengi ndang turua

Wis wengi ndang turua


Ngene,ya ngger.  Begini ya sayang
saiki pancen wayah peteng.  Sekarang memang saat gelap
ala lan becik wis ra kedheleng. Jelek dan baik sudah tidak terlihat
mung cahya ati kang sititi  hanya cahaya hati yg hati2
kang bisa madangi donya iki.  Yg bisa menerangi dunia ini
mung jangkah kang jangkep.   Hanya langkah yg lengkap
kang bisa mbukak ati sing cupet yang bisa membuka hati yang sempit


Wis wengi ndang turua
katresnanku
kembange uripku
Saya nyenyet dan sirepa
lalekna urip kang rekasa

Dilakoni karo ndonga
nyuwun Gusti, padhange dalanmu
ditekati karo nyuwunm
tatag jejeg, krentegke bathinmu

Aja nggelakke Bapakmu
Aja nangiske bangsamu
Jo nganti owah pikiran
Yen ndheleng sulape dedonyan
Dhadia tuladaning bangsa
ngajeni ananing sing liya

tembang jawa edikani

basa jawa kuwi basa kuna, luwih kuna adoh tinimbang basa indonesia, alhamdulillah, aku wong banyuwangi, isih isa ngarang tembang jawa, sanadyan aku isih bisa omong-omongan ngangge basa osing (basa asli banyuwangi), lan basa medura. Wong perbatasan, biasane isa ngomong luwih teka sak basa.
terus terang aku durung pinter ngatur lan migunake blog, sanadyan aku wis bisa nulis program komputer wiwit 1985, komputer isih 8 bit.